Minggu, 03 Mei 2020

Kagiyatan Produktif Sing Iso Dilakoni ing Ngomah

Wiwit jumlah korban amarga covid-19 tambah akeh. Saiki diterapke work fromhome kanggo wong le kerjo lan sekolah online kanggo murid sekolah. Sistem iki diterapke supaya minim persebaran virus covid. Hal iki dinggo kabeh masyarakat kalebu murid sekolah. Sekolah podo ditutup lan panyinaonan dilakoke neng omah dewe dewe lan nganggo via online.



Panyinaon online diadakke koyo dino biasa naging jumlah pelajaran e dikurangi dadi 3 mapel sedino. Siswa dadi duwe wayah selo. Sak suwenen neng ngomah amarga kahanan awak dewe kudu nglakoni kagiyatan sing produktif. Hobi sing digemari bisa dadi kemempengan produktif nalika neng ngomah. Salah siji hobi sing kula remeni inggih menika tetanen. Kula nanem sayur supaya mboten bosen neng njero omah. Biasane kula nanem kangkung, sawi, bayem, anggur, lan chia seed. Kula tetanen wonten plataran omah. Kajawi tetanen kula uga remen nyoba resep resep kayata nggawe brownis, makaroni scottle, carbonara, donat, lan pizza. Wonten malih kula lan adek kula biasane dolanan badminton saben esuk supaya awak tetep sehat lan etung etung  DD.
Hobi sing keri dewe yaiku ngedekor. Nalika kula stress kula remen ngedekor kamar amarga bisa ngurang raos stress lan pikiran dadi rileks lan kamar dadi kepenak disawang.